Perserikatan Bangsa-bangsa didirikna nang San Francisco tanggal 24 Oktober 1945 seuwise Konferensi Dumbarton Oaks nang Washington, DC.Sidang Umum sing pertama - dihadiri wakil sekang 51 negara - tembe dilangsungna tanggal 10 Januari 1946 (nang Church House, London). Sekang 1919 gutul 1946, ana siji organisasi sing mirip, jenenge Liga Bangsa-Bangsa, sing teyeng dianggep dadi pendahulu PBB.
Wiwit didirikna taun 1945 gutul 2007, se-ora-orane uwis ana 192 negara dadi anggota PBB. Kabeh negara sing mlebu nang jero wadah PBB nyatakna independensine dhewek-dhewek, seliyane Vatikan lan Takhta Suci serta Republik Cina (Taiwan) sing ngabung maring wilayah Cina taun 1971.
Sekretaris Jenderal PBB sekiye jenenge Ban Ki-moon sekang Korea Selatan sing njabat wiwit 1 Januari 2007.
Organisasi kiye duwe enem organ utama: 1. Majelis Umum (majelis musyawarah utama) 2. Dewan Keamanan (kanggo mutusna resolusi tertentu kanggo perdamaian lan keamanan), 3. Dewan Ekonomi lan Sosial PBB (kanggo mbantu mpromosikna kerjasama ekonomi lan sosial internasional lan pembangunan) 4. Sekretariat (kanggo nyediakan informasi, lan fasilitas sing diperlukna nang PBB) 5. Mahkamah Keadilan Internasional (organ peradilan primer) 6. Dewan Perwalian PBB (sing sekiye aktif) Sistem PBB liyane sing menonjol antarane : Organisasi Kesehatan donya (WHO), World Food Programme (WFP) lan Dana PBB kanggo bocah-bocah (UNICEF). Organisasi kiye didanai sekang sumbangan sukarela sekang negara-negara anggotane, lan nduwe enem basa resmi: Arab, Cina, Inggris, Perancis, Rusia, lan Spanyol.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar